MATERI BAHASA JAWA KELAS IX
PERANGANE NASKAH PIDHATO
PEPILING
Sajrone
tanggap wacana (pidato), ana sawenehe
perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :
1. Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku:
salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh.
Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
2. Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji
syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing
kepareng rawuh.
3. Isi utawa Surasa Basa
Isi yaiku sakabehe bab
sing diandharake marang para rawuh/tamu.
4. Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang
wigati utawa intine sing diandharake.
5. Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku
pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing
midhangetake.
6. Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana
kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
Guru Wilangan: cacahing wanda / suku
kata saben gatra.
Guru lagu: dhong – dhingin swanten ing
pungkasaning gatra ing sekar.
Guru gatra: cacahing gatra saben
sakpada.
Pada: inggih menika bait
Laras: nadha dasar nyekar saking jinis
music diatonis.
CERITA WAYANG
A.RINGKASAN
MATERI
1.
Pranatacara
Saking tembung lingga tata lan cara.
Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti
laksana, pambiwara lan MC.
Syarat –syaratipun dados Pranatacara:
a) Nggadhahi
kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh.
b) Nggadhahi
ketrampilan ing bab wicara.
c) Nguwaosi
materi ingkang badhe katindakaken.
d) Nggadhahi
prana ingkah ndudut manah.
Kejawi
menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun
minangka Pranatacara lanthi lampah:
·
Malagawa: tumindak kanthi trampil
trengginas.
·
Matanggap: tanggap ing saliring swasana.
·
Malaksana: mrebawani
·
Magatra: Nggadhahi patrap ingkang
prasaja.
·
Mawasta: Sengguh ora mingkuh wruhing
rasa lan suba sita.
·
Mardawa basa: lebda ing bab basa.
·
Mardawa Swara: wasis ing pangolahing
swara
Sanguning
Pranatacara:
1. Olah
swara
a) Logat:
ngangge dialek jawa (jogja).
b) Pocapan:
kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero.
c) Wirama:ana
cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg.
d) Wirasa:
nalika micara nglaras surasa.
2. Olah
basa lan sastra : pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra,
paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane.
3. Olah
raga : pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa
panatacara sing empan papan.
4. Olah
busana : busana kudu trep karo adat lan swasana.
Urutan
Reroncening acara
1. Salam
Pambuka
2. Salam
talim= salam pakurmatan
3. Ngaturaken
Puji syukur
4. Reroncening
acara
5. Panutupan
6. Salam
Panutup
2.
Tembang
Campursari
Lelagon
campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe
gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur ati.Cakepane uga
prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music
modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak
dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous,
Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih
menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun
Nganjuk lan sapanunggalane.
3.
Ngudaraos
Ngudaraos atau ngudhar raos inggih
menika ngudharaken rasa / uneg – uneg.
4.
Tembang
Macapat
Tembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang
cilik.
Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika:
1. Mijil
: ateges metu, miyos utawi lair.
Paugeranipun: 6 gatra: 10 i – 6o – 10e –
10i – 6i – 6u
2. Kinanthi:
saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun
tuntun/ dipunbimbing.
Paugeranipun: 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i
– 8a – 8i
3. Sinom:tegesipun
nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh.
Paugeranipun: 9 gatra: 8a – 8i – 8a – 8i
– 7i – 8u – 7a – 7i – 12a
4. Asmaradana:
Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng
tiyang sanes.
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 8i – 8e/o –
8a – 7a – 8u – 8a
5. Gambuh:
Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng
dipun gathukaken.
Paugeranipun: 5 gatra: 7u – 10u – 12i –
8u – 8o
6. Dhandhanggula:
tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman
gesang ingkang sarwa sarwi endah.
Paugeranipun: 10 gatra: 10i – 10a – 8e –
7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a
7. Durma:
saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun,
lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun.
Paugeranipun: 7 gatra: 12a – 7i – 6a –
7a – 8i – 5a – 7i
8. Maskumambang:
Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun
ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon.
Paugeranipun: 4 gatra: 12i – 6a – 8i –
8a
9. Pangkur:Saking
tembung mungkur/ nyingkur. (Nyingkiri hawa napsu)
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 11i – 8u –
7a – 12u – 8a – 8a -8i
10. Megatruh:
saking tembung megat/pisah lan ruh. (pegatipun ruh lan raga)
Paugeranipun: 5 gatra: 12u – 8i – 8u –
8i – 8o
11. Pocung:
Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak.
Paugeranipun: 4 gatra : 12u – 6a – 8i – 12a
Paugeran
Macapat
B.
LATIHAN SOAL
1. Pranatacara kedhah
nggadhahi patrap ingkang prasaja kasebat…
A. Malagawa D.
Magatra
B. Mawasta E.
Malaksana
C. Mardawa basa
2. Ingkang dimaksud
sengguh ora mingkuh inggih menika, kejawi…
A. Tinanggenah D.
Jejibahan
B. Kajibah E.
Mbyawarakaken
C. Sesanggen
3. MC ing pelantikan /
wisuda lan sapanunggalane kasebat…
A. Panatacara D.
Pranata Adicara
B. Pranatacara E. Protokol
C. Pambiwara
4. Gereng-gereng
Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
Tembang ing nduwur
kalebet tembang macapat…
A.
Sinom D.
Pocung
B.
Gambuh E.
Megatruh
C.
Maskumambang
5. Paugeranipun
tembang macapat Gambuh inggih menika…
A. 5
gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8o
B. 6
gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
C. 6
gatra: 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
D. 5
gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8o
E. 7
gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
6. Guru
wilangan inggih menika…
A. Cacahing
wanda saben sak gatra.
B. Cacahing
gatra saben sak pada
C. Cacahing
gatra saben wanda
D. Cacahing
pada pada saben tembang
E. Dhong
– dhonging swanten
7.
Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung
Sedelo
Ora Dadi Ngopo
Penting Iso
Ngademke Ati
Tuladha tembang
campursari ing nduwur irah – irahanipun…
A.
Pacobaning
urip D.
Kangen kowe
B.
Layang
Swara E.
Ketaman asmara
C.
Tanjung
Mas Ninggal Janji
8.
Karepku jaluk di esemi…
Lanjutanipun tembang campursari
menika…
A. Mengko
gek keri ing jaman
B. Tingkah
lakumu kudu ngerti cara
C. Mbok
ya sing eling
D. Pancene
bener kandhamu
E. Aja
ditinggalake kapribaden ketimuran
9. Ing
ngisor iki penyanyi campursari, kejawi…
A. Manthous
B. Didi
Kempot
C. Sunyahni
D. Sonny
Joss
E. Aning
Katamsi
Kangge
nomer 10-12.
Prekawis ingkang dumados ing masyarakat
bab “kenakalan remaja” mbokbilih langkung damel girising manah/kathah para anem
ingkang keblusuk ing tumindak nistha:migunakaken narkoba, damel raja pati,
ngrampog, ngrudapeksa, tawur ing mergi awit prakawis ingkang sepele lan
tumindhak nistha sanesipun. Awit kawontenan kados mekatenwau, kathah ingkang
ngupaya kanthi ngawontenaken seminar, lokakarya ngrembag bab “ kenakalan
remaja”, supados sedaya paring kawigatosan.
10.
Tuladhanipun “kenakalan remaja” inggih
menika, kejawi…
A. Sinau
kanthi sregep. D.
Ngrampog
B. Ngrudapeksa E.
Damel raja pati
C. Tawur
11.
Dasanamanipun nistha inggih menika…
A.
Becik D.
awon
B.
Bombong E.
Pawiyatan
C.
Rumaos menjila
12.
Apa upaya kang saged dingge ngatasi “kenakalan
remaja..
A.
Damel raja pati
B.
Ngawontenaken seminar
C.
Tumindhak bombing
D.
Melu tumidhak nista
E.
Melu tawuran.
KUNCI JAWABAN
1.D 7.
C
2. E 8.
B
3. B 9.
E
4. C 10.A
5. A 11.
D
6. A 12.
B
CERITA WAYANG
PRR SMP KLS IX/9 BAHASA JAWA SEMESTER 1 KUR 2013
A. Kompetensi Inti
1.
Menghargai dan menghayati ajaran
agama yang dianutnya.
2.
Menghargai dan menghayati perilaku
jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong royong), santun,
percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan
alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3.
Memahami dan menerapkan pengetahuan
(faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang
ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian
tampak mata.
4.
Mengolah, menyaji, dan menalar dalam
ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan
ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.
B. Kompetensi Dasar dan Indikator
Pencapaian Kompetensi
.........
C. Deskripsi Materi Pembelajaran
Pertemuan 1
Teks
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
A.
Materi Pembelajaran
Wacanen nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing
jumbuh karo swasana lan wateke
paragane
!
ANOMAN
DUTA
Wancine wis
parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat
ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den
upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah
petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika
nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot
ing lemah. Gelungane lukar nora
dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi
ati.
Lah punika ingkang winastan Taman
Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake
dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening
wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken
Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe
Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane
nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati
kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika
ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning
atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman
Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira
Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
Saben-saben Dewi Sinta sesambat
kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa.
Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine
melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus
sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman
Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.
“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan
Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si
Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen
kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana
sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka
darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira,
sayekti pun kakang bakal nyembadani. “
Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan
Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa
guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti
kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran
Rama, mung wani laku cidra andhustha
marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku
prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih
ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta.
Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah
bumine bengkah! Menawa kena koksenggol,
busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak
beset, Rahwana !!!”
Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse
Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang
Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.
“ Dasamuka mara tibakna senjatamu,
dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut
narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi
nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh
Dasamuka!!!”
Lingsem Prabu Dasamuka mireng
ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya
tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa.
Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha
yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang
mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang
prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya
Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa
ratuning wanara.
Rampung Anoman anggone kekidungan
nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga
Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang
kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau, temah
mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman
mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:
“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa?
Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran
Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman
dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula
kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa
paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi
Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan,
badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta
wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa
mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra
Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh
ana titah kang bisa nyusul kejaba
Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana
supaya apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula
pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri
Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun
sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang
diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika
agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing
jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang
sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus
ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing
rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki
aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama.
“
Anoman nampani cundhamanik sarta nawala
saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge
mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.
“ Dhuh Gusti
Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu
malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara.
Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun,
amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
2.
Negesi Tembung kang
Angel
Ø Wanodya :
Wanita
Ø Sang Hyang Dewangkara :
Srengenge
Ø Duta : Utusan
Ø Kisma : Lemah
Ø Disingitake : Didhelikake
Ø Dununge :
Panggonane
Ø Kasowanake :
Diadhepake
Ø Penggalihe :
Atine
Ø Rinantu :
Dienteni
Ø Nawala : Serat, layang
Pertemuan 2
Teks
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta
Pertemuan 3
Teks
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.
Pertemuan 4
Teks
cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta
D. Kegiatan Pembelajaran
1. Pertemuan
Pertama
a. Kegiatan
Pendahuluan (10 menit)
1)
Guru memberi salam,` Peserta didik merespon salam dari guru
2)
Guru menunjuk salah satu peserta didik
memimpin doa, salah
satu peserta didik memimpin doa
3)
Guru memberi informasi tentang materi
yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)
Guru menyampaikan informasi tentang
kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk
menerima informasi yang disampaikan guru
5)
Guru menampilkan dan memperkenalkan
tokoh-tokoh wayang Ramayana, peserta didik memperhatikan
b.
Kegiatan Inti (60 menit)
..................
c.
Kegiatan Penutup (10 menit)
1)
Guru
bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)
Bersama
guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)
Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut
pembelajaran berikutnya
2. Pertemuan Kedua
a. Kegiatan
Pendahuluan (10 menit)
1)
Guru memberi salam, Peserta didik
merespon salam dari guru
2)
Guru menunjuk salah satu peserta didik
memimpin doa, salah
satu peserta didik memimpin doa
3)
Guru memberi informasi tentang materi
yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)
Guru menyampaikan informasi tentang
kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk
menerima informasi yang disampaikan guru
5)
Guru mengingatkan kembali materi
sebelumnya
b.
Kegiatan Inti (60 menit)
..............................................
c.
Kegiatan Penutup (10 menit)
1)
Guru
bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)
Bersama
guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)
Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut
pembelajaran berikutnya
3. Pertemuan Ketiga
a. Kegiatan
Pendahuluan (10 menit)
1)
Guru memberi salam, Peserta didik
merespon salam dari guru
2)
Guru menunjuk salah satu peserta didik
memimpin doa, salah
satu peserta didik memimpin doa
3)
Guru memberi informasi tentang materi
yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)
Guru menyampaikan informasi tentang
kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk
menerima informasi yang disampaikan guru
5)
Guru mengingatkan kembali materi
sebelumnya
b.
Kegiatan Inti (60 menit)
..........................
c.
Kegiatan Penutup (10 menit)
1)
Guru
bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)
Bersama
guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)
Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut
pembelajaran berikutnya
4. Pertemuan Keempat
a. Kegiatan
Pendahuluan (10 menit)
1)
Guru memberi salam, Peserta didik
merespon salam dari guru
2)
Guru menunjuk salah satu peserta didik
memimpin doa, salah
satu peserta didik memimpin doa
3)
Guru memberi informasi tentang materi
yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru
4)
Guru menyampaikan informasi tentang
kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk
menerima informasi yang disampaikan guru
5)
Guru mengingatkan kembali materi
sebelumnya
b.
Kegiatan Inti (60 menit)
......................................
c.
Kegiatan Penutup (10 menit)
1)
Guru
bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini
2)
Bersama
guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.
3)
Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut
pembelajaran berikutnya
E. Penilaian
A.
Penilaian
1.
Teknik dan Bentuk Instrumen
............................
2.
Contoh Instrumen Penilaian
a.
Pengamatan Sikap
Lembar
Pengamatan Sikap
..........................................
Rubrik penilaian sikap
...........................................
B.
Tes Tertulis
Wangsulana
pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi
trep!
1) Adhedhasar wacan crita wayang
Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-paragane lan watake!
2) Anoman
diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa?
3) Apa buktine
menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya?
4) Anoman
diutus Prabu Ramawijaya menyang ngendi?
5) Sebutna piwulang becik apa wae sing
bisa kokjupuk
saka crita wayang Ramayana Anoman Dhuta!
KUNCI JAWABAN
1.Paraga ing
crita Anoman Dhuta yaiku
- Anoman watake
sae, tanggung jawab
- Dewi Shinta
watake setya tuhu marang garwa, sabar
- Trijatha
watake sabar lan wicaksana
- Dasamuka watake
angkara murka
- Wibisana
watake wicaksana
2. Dewi Shinta
3. Buktine
yaiku Ali ali kagungane Prabu
Ramawijaya
4. Negara Alengka
5.Piwulang
becik ing crita Anoman Dhuta yaiku
- Menawa didhawuhi kudu ditindakake kanthi
becik
- Ora kena tumindak ala,
Pedoman
Penskoran
Saben wangsulan kang bener diwenehi biji 2.saengga menawa
bener kabeh bijine 10.
C.
Media/Alat dan Bahan Pembelajaran
o
Media Pembelajaran
Gambar tokoh wayang Anoman, Sinta, Rama, Dasamuka, dsb.
o
Alat dan Bahan Pembelajaran
Laptop, LCD
D.
Sumber Belajar
o
Majalah berbahasa Jawa
o
Buku teks yang relevan
izin sharre njeeh
BalasHapusSangat membantu wew :)
BalasHapus